Nihh qu punya contoh pidato Bhs jawa
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Bapak, Ibu saha sedherek-sedherek ingkang kula kurmati.
Saderengipun mangga kita sareng ngaturaken puja-puji pudyastuti dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha kuwaos inggih punika Gusti Allah swt. Amargi kanthi linuberan rahmat saha hidayanipun kita sedaya saged pinanggihan wonten wekdal ingkang saeu menika kagem mengeti dinten Kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 63.
Para Rawuh ingkang minulyo,
Kita sedaya sampun mangertosi menawi Nagari Indonesia punika sampun saged sejajar utawi sami kaliyan Nagari maju sanesipun. Kathah sampun penghargaan utawi predikat ingkang dipun sandhang kaliyan Indonesia wonten tingkat Internasional. Ananging punapa saged Indonesia moncer kados sakmenika menawi mboten wonten pahlawan bangsa wonten warsa 1945? Menawi kados menika kita kedah instropeksi diri saha kedah nggadhah pambegan menapa ingkang sampun kita aturaken dhumateng bangsa kita.
Kangge ngisi kamardikan punika, kita minangka siswa/i Indonesia mangga sesarengan nggadhah rasa sosial dhumateng pepadha. Rasa sosial menika saged kita wujudaken kados:
1. paring kinurmatan marang guru-guru , tiyang sepah, luwih-luwih pahlawan bangsa kita,
2. sami nglestarekaken budaya utawi nilai-nilai tradisi bangsa ingkang kinakar saking budaya daerah, nggih kados basa Jawi menika,
3. njagi kautuhaning persatuan saha kesatuan bangsa, lan sapanunggalanipun.
Menawi tiga menika minimal sampun ditindakaken kaliyan pemuda/pemudi Bangsa Indonesia, Insyaallah kamardikan bangsa ingkang mituhu saged dipun raosaken dening sedaya warga masyarakat Indonesia. Amargi sakmenika budaya globalisasi sampun kathah anjalarwonten jiwaning pemuda/pemudi Indonesia, mula budaya global ingkang negatif punika cepet sanget ngrisak moraling anak negeri. Ingkang penting sanget inggih punika kita kedah njagi persatuan kaliyan generasi muda sami wonten saindenging nuswantara saha mboten ambeda-bedakaken sedherek-sedherek kita supados Nagari Indonesia saged gemah ripah loh jinawi saha dados andakara wonten donya punika.
Sedherek-sedherek ingkang minulya,
Kula kinten sampun cekap ingkang saged kula aturaken. Kula ugi nyuwun gunging samudra pangaksami menawi wonten pitutur kula ingkang mboten sekeca wonten penggalihipun para rawuh sedaya.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar